Sabtu, 17 Juli 2010

Konco Tani | Waljinah

Ilir ilir tandure sumilir
Konco tani kang padha makarya
Sinawung lejaring nggalih
Parine lemu lemu
Katon subur anyenengke ati
Kalis ing sambikala
Iku panyuwunku
Wiwit sih ing Gusti kawula
Kanca tani yekti saka guru nagri
Yo betenging bangsa


E e ebo Senenge
Konco Tani Yen Nyawang Tandurane
Nyambut Gawe
Awak Sayah Seneng Atine

Parine Lemu-lemu
Polowijo Lan Uga Sak Wernane
Katon Subur Kabeh Tuwuh
Kang Sarwo Tinandur

Panyuwunku Tinebehno Saking Sambikolo
Sih Ing Gusti Mugi-mugi Lestari Widodo

Sayuk Rukun Rame-rame
Gotong-royong Kang Dadi Semboyane
Konco Tani Saka Guru Tumerap Negarane

Lintas Berita Digg Technorati del.icio.us Stumbleupon Reddit Blinklist Furl Spurl Yahoo Simpy

4 komentar: